Rabu, 16 September 2015

kisah Nabi Ibrohim nyembelih Nabi Isma’il ‘alaihimassalaam




قِصَّةُ ذَبْحِ إِبْرَاهِيْمَ إِسْمَاعِيْلَ عَلَيْهِمَا السَّلَامُ

kisah Nabi Ibrohim nyembelih Nabi Isma’il ‘alaihimassalaam



قِيْلَ سَبَبُ ذَبْحِ إِبْرَاهِيْمَ إِسْمَاعِيْلَ عَلَيْهِمَا السَّلَامُ أَنَّهُ قَرَّبَ أَلْفَ شَاةٍ وَثَلَاثَ مِائَةِ بَقَرَةٍ وَمِائَةَ بَدَنَةٍ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ فَتَعَجَّبَ النَّاسُ وَالْمَلَائِكَةُ مِنْ ذَلِكَ فَقَالَ إِبْرَاهِيْمُ عَلَيْهِ السَّلَامُ كُلُّ مَا تُقُرِّبَ بِهِ لَيْسَ بِشَيْئٍ عِنْدِيْ وَاللهِ لَوْ كَانَ لِيْ اِبْنٌ لَأَذْبَحَنَّهُ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ وَأَتَقَرَّبَ بِهِ إِلَى اللهِ تَعَالَى


Dipun ngendikaake, sebab musabab Nabi Ibrohim nyembelih Nabi Isma’il, inggih meniko:
Sakyektosipun nabi Ibrohim meniko qurban 1000 mendo, 300 sapi lan 100 onta. Tiyang-tiyang shoho poro agung  Malaikat meniko sami gumun dumateng ngamalipun Nabi Ibrohim kasebat. Lajeng Nabi Ibrohim ‘alaihissalaam ngendiko: “Kabeh ingkang aku qurbanke iku kanggone aku dudu opo-opo. Demi Allah, sak ugoho aku nduwe anak lanang, mongko yekti temenan arep tak sembelih ingdalem sabilillah, lan arep tak qurbanke marang Gusti Allah” 

فَلَمَّا قَالَ إِبْرَاهِيْمُ عَلَيْهِ السَّلَامُ هَذَا الْقَوْلَ مَضَى عَلَيْهِ زَمَانٌ فَنَسِيَ هَذَا الْقَوْلَ فَلَمَّا جَاءَ إِلَى الْأَرْضِ الْمُقَدَّسَةِ سَأَلَ رَبَّهُ اَلْوَلَدَ فَأَجَابَ اللهُ دُعَاءَهُ وَبَشَّرَهُ بِالْوَلَدِ (فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ) أَيْ لَمَّا صَلُحَ أَنْ يَمْشِيَ وَهُوَ ابْنُ سَبْعِ سِنِيْنَ قِيْلَ لَهُ فِيْ نَوْمِهِ أُوْفِ بِنَذْرِكَ

Sak sampunipun Nabi Ibrohim ngendiko pangandikan kasebat, shoho lewatipun mongso, panjenenganipun supe, mboten kelingan belih panjenenganipun pernah sumpah, bilih menawi gadah putro jaler bade dipun damel qurban.

Lajeng arikolo panjenenganipun nabi Ibrohim tindak wonten ing  negari ingkang dipun suceaken (tanah yang disucikan), inggih meniko Baitul Maqdis, panjenenganipun berdoa, nyuwun dumateng Gusti Allah supados dipun paringi putro. Selajeng Gusti Allah nyembadani panyuwunanipun Nabi Ibrohim, lan Gusti Allah maringi bebungah dumateng Nabi Ibrohim arupi putro jaler (Nabi Isma’il).

Lajeng arikolo ingkang putro tindakipun sampun jejeg lan sahe, inggih meniko sampun yuswo 7 tahun, Nabi Ibrohim nyupeno, ngimpi dipun ngendikani: “Nuhonono siro (penuhilah) ing nadzar iro!”.

قَالَ ابْنُ عَبَّاسٍ رَضِيَ اللهُ تَعَالَى عَنْهُمَا لَمَّا كَانَتْ لَيْلَةُ التَّرْوِيَةِ وَنَامَ رَأَى فِي الْمَنَامِ مَنْ يَقُوْلُ يَا إِبْرَاهِيْمُ أُوْفِ بِنَذْرِكَ فَلَمَّا أَصْبَحَ يَتَرَوَّى أَيْ يَتَفَكَّرُ أَهُوَ مِنَ اللهِ أَمْ مِنَ الشَّيْطَانِ فَلِذَا سُمِّيَ يَوْمَ التَّرْوِيَةِ فَلَمَّا أَمْسَى رَأَى ثَانِيًا فِي الْمَنَامِ فَلَمَّا أَصْبَحَ عَرَفَ أَنَّهُ مِنَ اللهِ وَلِذَا سُمِّيَ ذَلِكَ الْيَوْمُ يَوْمَ عَرَفَةَ وَاسْمُ ذَلِكَ الْمَكَانِ عَرَفَاتٌ ثُمَّ رَأَى فِي اللَّيْلَةِ الثَّالِثَةِ مِثْلَهُ فَهَمَّ بِنَحْرِهِ وَلِذَا سُمِّيَ يَوْمَ النَّحْرِ

Shohabat Ibnu Abbas -radhiyallahu ‘anhumaa- ngendiko: Naliko malem Tarwiyah (tanggal 8 Dzul Hijjah) Nabi Ibrohim ngimpi weruh wong ingkang ngandani marang panjenengane: “Wahai Ibrohim, nuhonono siro ing nadzar iro!. Esuk-esuk,  Nabi Ibrohim mikir-mikir / ngangen-angen, iki impen opo saking Gusti Allah opo saking setan. Mulane dino tanggal 8 iku diarani dino tarwiyah (artine mikir-mikir / ngangen-angen).

Ono ing wengi sakwuse (tanggal 9) Nabi Ibrohim ngimpi maneh podo koyo impen malem sakdurunge. Esuk-esuk , Nabi Ibrohim ngerti menowo impen kasebut pancen saking Gusti Gusti Allah. Mulane dino tanggal 9 dijenengi dino Arofah (artine ngerteni / mengetahui) . Lan panggonan kasebut dijenengi Arofat.

Tumuli Nabi Ibrohim ono malem kaping telu (tanggal 10) ngimpi podo koyo impen-impen sakdurunge, mongko panjenengane sejo temenan arep nuhoni / memenuhi nadzare, yoiku nyembelih putrane (nabi Isma’il), mulo dino tanggal 10 dijenengi YAUMUNNAHRI (artine: dino nyembelih).

فَلَمَّا أَرَادَ أَنْ يَذْهَبَ بِإِسْمَاعِيْلَ عَلَيْهِ السَّلَامُ إِلَى النَّحْرِ قَالَ إِبْرَاهِيْمُ عَلَيْهِ السَّلَامُ لِهَاجَرَ وَهِيَ أُمُّ إِسْمَاعِيْلَ عَلَيْهِ السَّلَامُ أَلْبِسِيْ وَلَدَكِ إِسْمَاعِيْلَ أَحْسَنَ ثِيَابِهِ فَإِنِّيْ ذَاهِبٌ بِهِ إِلَى ضِيَافَةٍ فَأَلْبَسَتْهُ أُمُّهُ وَدَهَنَتْهُ وَرَجَّلَتْ شَعَرَ رَأْسِهِ فَحَمَلَ إِبْرَاهِيْمُ عَلَيْهِ السَّلَامُ حَبْلًا وَسِكِّيْنًا ذَهَبَ مَعَهُ إِلَى جَانِبِ مِنَى 

Naliko Nabi Ibrohim arep ngejak lungo Nabi Isma’il ingkang tujuane arep disembelih,  Panjenengane dawuh marang ingkang garwo,  Dewi Hajar, dewi Hajar meniko ibunipun  Nabi Isma’il: “Wahai Hajar, menganggokno anak iro, Isma’il, kanti pakeane Isma’il ingkang paling bagus. Sebab aku arep ngejak deweke arep tak jak medayoh / mertamu.  Tumuli dewi Hajar menganggoni ingkang putro kanti pakean ingkang paling bagus, lan panjengane njungkati rambute ingkang putro.  Selajeng Nabi Ibrohim ‘alaihissalam mbekto tambang kalayan lading / peso, panjenengane ngejak ingkang putro tindak wonten ing arah Mina.

فَكَانَ إِسْمَاعِيْلُ عَلَيْهِ السَّلَامُ يَعْدُوْ أَمَامَ أَبِيْهِ فَجَاءَ إِبْلِيْسُ يَقُوْلُ لِأَبِيْهِ أَلَا تَرَي اِعْتِدَالَ قَامَتِهِ وَحُسْنِ صُوْرَتَهِ وَلَطَافَةِ سِيْرَتِهِ  فَقَالَ إِبْرَاهِيْمُ نَعَمْ وَلَكِنْ أُمِرْتُ بِذَلِكَ 

Lajeng kekalihipun tindak, ingkang putro, Nabi Isma’il playon (berlari-lari) wonten ing ngajengipun ingkang romo.
Ing mriku Iblis ngucap dateng Nabi Ibrohim: Opo sliramu ora ningali marang jejek piyadeke lan bagus rupane putramu, lan lembute lakune putramu?. Nabi Ibrohim jnawab: Iyo, tapi aku diperintah kon nyembelih!

فَلَمَّا أَيِسَ مِنْهُ جَاءَ إِلَى هَاجَرَ وَقَالَ كَيْفَ تَقْعُدِيْنَ ذَهَبَ إِبْرَاهِيْمُ بِابْنِكِ لِيَذْبَحَهُ قَالَتْ لَا تَكْذِبْ عَلَيَّ هَلْ رَأَيْتَ أَبًا ذَبَحَ اِبْنَهُ فَقَالَ لِأَجْلِ ذَلِكَ أَخَذَ الْحَبْلَ وَالسِّكِّيْنَ قَالَتْ لِأَيِّ شَيْءٍ يَذْبَحُهُ قَالَ يَزْعُمُ أَنَّهُ أَمَرَهُ رَبُّهُ بِذَلِكَ فَقَالَتْ اَلنَّبِيُّ لَا يُؤْمَرُ بِالْبَاطِلِ وَأَنَا أَفْدِيْ لِأَمْرِهِ رُوْحِيْ فَكَيْفَ بِوَلَدِيْ

Naliko Iblis ora mempan nggoda nabi Ibrohim, tumuli deweke teko marang Dewi Hajar. Deweke banjur ngomong: Priye sliramu kok lungguh thok, sementara Ibrohim ngejak lungo anakmu, arep disembelih!.
Dewi Hajar ngendiko: Iblis, siro ojo ngapusi aku!.  Iblis ngucap: Lha kerono arep disembelih, Ibrohim kan nggowo tambang karo lading / peso.
Dewi hajar ngendiko: Kerono opo Nabi Ibrohim arep nyembelih putrane?. Iblis ngucap: Deweke nyono / ngiro-iro nek deweke diperintah ring Pengerane.
Nuli Dewi Hajar ngendiko: Nabi ora bakal diperintah kelawan kebatilan. Aku dewe nggawe tebusan kelawan perintahe kanti rohku, opo maneh anakku!.

فَلَمَّا أَيِسَ مِنْ جَانِبِهَا جَاءَ إِلَى إِسْمَاعِيْلَ عَلَيْهِ السَّلَامُ فَقَالَ إِنَّكَ تَفْرَحُ وَتَلْعَبُ وَمَعَ أَبِيْكَ حَبْلٌ وَسِكِّيْنٌ يُرِيْدُ ذَبْحَكَ فَقَالَ لَا تَكْذِبْ عَلَيَّ لِمَا يَذْبَحُنِيْ أَبِيْ قَالَ يَزْعُمُ أَنَّهُ أَمَرَهُ رَبُّهُ بِذَلِكَ قَالَ سَمِعْنَا وَأَطَعْنَا لِأَمْرِ رَبِّيْ

 Naliko Iblis ora mempan nggoda dewi Hajar, Iblis nuli nekani Nabi Isma’il ‘aaihissalaam. Iblis ngucap: Wahai Isma’il, sliramu bungah bungah, dolanan, kae delok bapakmu nggowo tambang lan lading / peso, arep nyembeleh sliramu.
Nabi Isma’il ngendiko: Siro ojo ngapusi karo aku!, nangopo bapakku arep nyembeleh aku? Iblis ngucap: Deweke nyono / ngiro-iro nek deweke diperintah ring Pengerane.
Nabi Isma’il lajeng ngendiko: SAM’AN WA THOO’ATAN, aku mbangun turut marang perintahe Pengeranku. 

فَلَمَّا أَرَادَ إِبْلِيْسُ أَنْ يُلْقِيَ كَلَامًا آخَرَ أَخَذَ إِسْمَاعِيْلُ عَلَيْهِ السَّلَامُ حَجَرًا مِنَ الْأَرْضِ فَرَمَاهُ بِهِ فَفَقَأَ عَيْنَهُ الْيُسْرَى فَذَهَبَ إِبْلِيْسُ خَائِبًا وَخَاسِرًا
فَأَوْجَبَ اللهُ عَلَيْنَا رَمْيَ الْحِجَارَةِ فِيْ ذَلِكَ الْمَوْضِعِ طَرْدًا لِلشَّيْطَانِ وَاقْتِدَاءً بِإِسْمَاعِيْلَ 

Naliko Iblis arep ngomong maneh, nabi Isma’il tumuli mundut watu lan watu kasebut diuncalke marang Iblis kenang matane Iblis ingkang kiwo (mulane Iblis iku picek matane sing kiwo). Iblis banjur lungo kanti nelongso lan merugi. Mulane Gusti Allah perintah marang kitho supyo mbalang jumrah nang kono panggonan, kanggo ngusir setan lan miderek lampahe Nabi Isma’il.

فَلَمَّا بَلَغَ مِنَى قَالَ إِبْرَاهِيْمُ عَلَيْهِ السَّلَامُ لِوَلَدِهِ (يَا بُنَيَّ إِنِّيْ أَرَى فِي الْمَنَامِ أَنِّيْ أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَا ذَا تَرَى) (قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِيْ إِنْ شَاءَ اللهُ مِنَ الصَّابِرِيْنَ) (فَلَمَّا أَسْلَمَا وَتَلَّهُ لِلْجَبِيْنِ) أَيْ صَرَعَهُ عَلَى شِقِّهِ كَالشَّاةِ لِلذَّبْحِ وَوَضَعَ السِّكِّيْنَ عَلَى حَلْقِ وَلَدِهِ فَعَالَجَهُ بِشِدَّةٍ وَقُوَّةٍ فَلَمْ يَقْدِرْ عَلَى قَطْعِهِ........

Naliko Nabi Ibrohim dumugi Mina, Panjenenganipun dawuh dateng ingkang putro:
Wahai anakku, ingsun ngimpi nyembelih sliramu. Kepriye menurut pendapatmu?
Nabi Isma’il matur: Wahai bapakku,  panjenengan kawulo aturi ngleksanaake punopo ingkang panjenengan dipun perintah. Insya Allah, panjenengan bade manggihi kawulo kalebet tiyang-tiyang ingkang sabar.
Selajeng nalikonipun kekalihipun (Nabi Ibrohim lan Nabi Isma’il) mituhu / miturut dumateng perintahipun Gusti Allah (bade nyembeli ingkag putro) lan nabi Ibrohim nuro`ake miring marang ingkang putro, kados dene mendo bade dipun sembelih, lan Nabi Ibrohim sampun nyelehake pesonipun wonten ing gulunipun ingkag putro, lajeng nabi Ibrohim berusaha keras kanti kuat bade nyembelih ingkang putro, ananging Nabi Ibrohim boten saged memotong gulunipun ingkang putro.......

فَقَالَ إِسْمَاعِيْلُ عَلَيْهِ السَّلَامُ يَا أَبَتِيْ ضَعُفَتْ قُوَّتُكَ بِسَبَبِ مَحَبَّتِكَ لِيْ فَلَا تَقْدِرُ عَلَى ذَبْحِيْ فَضَرَبَ بِالسِّكِّيْنِ الْحَجَرَ فَصَارَ الْحَجَرَ نِصْفَيْنِ فَقَالَ إِبْرَاهِيْمُ عَلَيْهِ السَّلَامُ تَقْطَعُ الْحَجَرَ وَلَمْ تَقْطَعِ اللَّحْمَ  فَتَكَلَّمَ السِّكِّيْنُ بِقُدْرَةِ اللهِ تَعَالَى فَقَالَ يَا إِبْرَاهِيْمُ أَنْتَ تَقُوْلُ اِقْطَعْ وَإِلَهُ الْعَالَمِيْنَ يَقُوْلُ لَا تَقْطَعْ فَكَيْفَ أَمْتَثِلُ أَمْرَكَ عَاصِيًا لِرَبِّكَ

Ningali kedadosan mekaten, lajeng ingkang putro, Nabi isma’il matur dateng ramanipun: Duh romo, kekiyatan penjenengan dados apes jalaran kecintaan panjenengan dumateng kawulo, pramilo panjenengan mboten waged nyembelih kawulo.
Selajeng Nabi Ibrohim mukul watu kanti pesonipun, sak hal watu sigar dados kalih, Nabi Ibrohim ‘alaihissalaam ngendiko dateng watu: “Sliramu biso nugel / nyigar watu, tapi koq ora biso nugel / motong daging. Peso waged guneman kanthi kekuasaanipun Allah Taala, maturipun: Wahai Nabi Ibrohim, panjenengan ngendiko: “Motongo!”, nanging Gusti Allah, Pengeranipun alam sedoyo dawuh: “Ojo motong!”  Pripun kulo bade miderek perintah panjenengan nanging kulo ndurakani Pengeran panjenengan?

ثُمَّ قَالَ اللهُ تَعَالَى (وَنَادَيْنَاهُ أَنْ يَا إِبْرَاهِيْمُ قَدْ صَدَّقْتَ الرُّؤْيَا) (إِنَّا كَذَلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِيْنَ) (إِنَّ هَذَا لَهُوَ الْبَلَاءُ الْمُبِيْنُ) (وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيْمٍ) مِنَ الْجَنَّةِ وَهُوَ الْكَبْشُ الَّذِيْ قَرَّبَهُ هَابِيْلُ وَقَبِلَ مِنْهُ وَكَانَ فِي الْجَنَّةِ حَيًّا حَتَّى فُدِيَ بِهِ إِسْمَاعِيْلُ عَلَيْهِ السَّلَامُ وَكَانَ عَظِيْمَ الْجِسْمِ وَقَدْ أَتَى جِبْرِيْلُ عَلَيْهِ السَّلَامُ مَعَ الْكَبْشِ حَتَّى رَأَى إِبْرَاهِيْمُ عَلَيْهِ السَّلَامُ يُعَالِجُ بِالسِّكِّيْنِ حَلْقَ إِسْمَاعِيْلَ عَلَيْهِ السَّلَامُ فَقَالَ جِبْرِيْلُ تَعْظِيْمًا للهِ تَعَالَى وَتَعَجُّبًا لِإِبْرَاهِيْمَ عَلَيْهِ السَّلَامُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ فَقَالَ إِبْرَاهِيْمُ عَلَيْهِ السَّلَامُ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ فَقَالَ إِسْمَاعِيْلُ عَلَيْهِ السَّلَامُ اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ فَحَسَّنَ اللهُ هَذِهِ الْكَلِمَاتِ فَأَوْجَبَهَا عَلَيْنَا فِيْ أَيَّامِ النَّحْرِ اِقْتِدَاءً بِإِبْرَاهِيْمَ عَلَيْهِ السَّلَامُ

Lajeng Gusti Allah Ta’ala dawuh: “Ingsun ngundang marang Ibrohim: wahai Ibrohim, sliramu bener bener wis ngleksana`ake impenmu. Saktemene Ingsun, koyo mengkono, Ingsun mbales marang wong-wong ingkang gawe bagus. Saktemene iki (perintah nyembelih) iku ngrupake ujian ingkang nyoto. Lan Ingsun nebus / ngijoli kanthi sembelehan ingkang agung”. Yoiku wedus gibas saking suwargo ingkang kanggo qurban dening Habil, lan qurbane ditompo. Wedus gibas kasebut urip ingdalem suwargo, sahinggo dinggo nebus / ngganti / ngijoli Nabi Isma’il ingkang arep disembelih dening Nabi Ibrohim.

Wedus gibas mau digowo dening  Malaikat Jibril. Naliko Malaikat Jibril ningali Nabi Ibrohim isyih berusaha kuat arep nyembelih Nabi Isma’il kanthi lading / peso, sak naliko iku Malaikat Jibril moco takbir, ngegungake Gusti Allah lan gawok marang nabi Ibrohim ‘alaihissalaam, Malaikat Jibril moco:
ALLAAHU AKBAR........ALLAAHU AKBAR.....ALLAAHU AKBAR

Lajeng Nabi Ibrohim nimpali kanti mahos:

LAA ILAAHA ILLAAH...WALLAAHU AKBAR

Lajeng nabi Isma’il nerusaken kanthi mahos:

ALLAAHU AKBAR ..... WALILLAAHIL HAMDU

Gusti Allah ndadosaken kesahenan ucapan-ucapan kasebat, lajeng dipun  kukuhake supados dipun wahos naliko Riyadi Besar , karenten miderek tindak lampahipun Nabi Ibrohim ‘alaihissalaam.

Wallaahu A’lamu bishshowaab.


Sumber: Kitab Durrotunnasihin halaman 188-191, kanthi diringkes

Pekalongan, 3 Dzul Hijjah 1436 / 17 September 2015





Tidak ada komentar:

Posting Komentar