Keutamaan Puoso
Tanggal 27 Rajab
Saking Kitab Ghun_yah, karya Syeikh ‘Abdul Qodir Jailani rodhiyalloohu
‘anhu juz 1 halaman 239-240
(فَصْلٌ فِيْ فَضْلِ صِيَام السَّابِعِ وَالْعِشْرِيْنَ مِنْ رَجَبَ
)
Fasal
nerangake kautamaane puoso tanggal 27 Rojab
........عَنْ أَبِيْ هُرَيْرَةَ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ، عَنِ النَّبِيِّ
صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ مَنْ صَامَ يَوْمَ السَّابِعِ وَالْعِشْرِيْنَ
مِنْ رَجَبَ كُتِبَ لَهُ ثَوَابُ صِيَامِ سِتِّيْنَ شَهْرًا ،وَهُوَ أَوَّلُ يَوْمٍ
نَزَلَ فِيْهِ جِبْرِيْلُ عَلَى النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ بِالرِّسَالَةِ.
.........Saking shohabat Abu Hurairoh rodhiyalloohu ‘anhu, saking Kanjeng Nabi shollallaahu ‘alaihi wasallam, panjenengane ngendiko:
Sopo wonge puoso dino kaping 27 saking Rojab, mongko ditulis kanggo wong iku opo ganjaran puoso 60 wulan. Dino kaping 27 saking Rojab iku dino ingkang temurun ingdalem iku dino sopo malaikat Jibril atas Kanjeng Nabi shollalloohu ‘alaihi wasallam kelawan Risalah (kautuse Kanjeng Nabi)
وَأَخْبَرَنَا
هِبَةُ اللهِ بِإِسْنَادِهِ عَنِ الْحَسَنِ الْبَصْرِيِّ رَحِمَهُ اللهُ قَالَ: كَانَ
عَبْدُ اللهِ بْنُ عَبَّاسٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا اِذَا كَانَ يَوْمُ السَّابِعِ
وَالْعِشْرِيْنَ مِنْ رَجَبَ أَصْبَحَ مُعْتَكِفًا وَظَلَّ مُصَلِّيًا اِلَى وَقْتِ
الظُّهْرِ، فَإِذَا صَلَّى الظُّهْرَ تَنَقَّلَ هُنَيْهَةً، ثُمَّ صَلَّى أَرْبَعَ
رَكَعَاتٍ يَقْرَأُ فِيْ كُلِّ رَكْعَةٍ اَلْحَمْدُ للهِ مَرَّةً ، وَالْمُعَوِّذَتَيْنِ
مَرَّةً، وَإِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِيْ لَيْلَةِ الْقَدْرِ ثَلَاثًا ، وَقُلْ هُوَ
اللهُ أَحَدٌ خَمْسِيْنَ مَرَّةً ، ثُمَّ يَخْلُدُ اِلَى الدُّعَاءِ اِلَى وَقْتِ
الْعَصْرِ وَيَقُوْلُ هَكَذَا كَانَ يَصْنَعُ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ
عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فِيْ هَذَا الْيَوْمِ
Wis ngabari
ing ingsun sopo Imam Hibatullooh, kelawan sanade saking Imam Hasan al-Bahsri rohimahullooh,
panjenengane ngendiko:
Ono sopo shohabat Abdulloh bin Abbas rodhiyalloohu ‘anhumaa rikolo ono opo dino kaping 27 saking Rojab, mongko panjenengane isuk-isuk i’tikaf lan sholat nganti wektu Zhuhur. Sakwise rampung sholat Zhuhur panjenengane pindah sedelo, tumuli sholat 4 roka’at. Tiap sak roka’at panjenengane moco surat Alhamdulillaah sepisan, Mu’awwidzatain sepisan, Innaa Anzalnaahu Fii Lailatil Qodri kaping 3 lan Qulhuwalloohu Ahad 50 ambalan. Tumuli panjenengane nglanggengake do’a nganti tekan wektu Asar. Panjenengane ngendiko: “Koyo mengkene aninda`ake sopo Rosululloh shollalloohu ‘alaihi wasallam ingdalem iki dino”.
Ono sopo shohabat Abdulloh bin Abbas rodhiyalloohu ‘anhumaa rikolo ono opo dino kaping 27 saking Rojab, mongko panjenengane isuk-isuk i’tikaf lan sholat nganti wektu Zhuhur. Sakwise rampung sholat Zhuhur panjenengane pindah sedelo, tumuli sholat 4 roka’at. Tiap sak roka’at panjenengane moco surat Alhamdulillaah sepisan, Mu’awwidzatain sepisan, Innaa Anzalnaahu Fii Lailatil Qodri kaping 3 lan Qulhuwalloohu Ahad 50 ambalan. Tumuli panjenengane nglanggengake do’a nganti tekan wektu Asar. Panjenengane ngendiko: “Koyo mengkene aninda`ake sopo Rosululloh shollalloohu ‘alaihi wasallam ingdalem iki dino”.
وَأَخْبَرَنَا
هِبَةُ اللهِ بِإِسْنَادِهِ عَنْ أبِيْ سَلْمَةَ، عَنْ أَبِيْ هُرَيْرَةَ وَسَلْمَانَ
الْفَارِسِيِّ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا قَالَا: قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ
عَلَيْهِ وَسَلَّمَ إِنَّ فِيْ رَجَبَ يَوْمًا وَلَيْلَةً مَنْ صَامَ ذَلِكَ الْيَوْمَ
وَقَامَ تِلْكَ اللَّيْلَةَ كَانَ لَهُ مِنَ الْأَجْرِ كَمَنْ صَامَ مِائَةَ سَنَةٍ
وَقَامَ لَيَالِيَهَا وَهِيَ لِثَلَاثَةٍ
يَبْقِيْنَ مِنْ رَجَبَ، وَهُوَ الْيَوْمُ الَّذِيْ بُعِثَ فِيْهِ نَبِيُّنَا صَلَّى
اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ
Wis ngabari
ing ingsun sopo Imam Hibatullooh kelawan sanade saking shohabat Abu Salamah, saking
shohabat Abu Hurairoh lan shohabat Salman al Faarisi rodhiyalloohu ‘anhumaa,
kekalihe ngendiko: Rosululloh shollalloohu ‘alaihi wasallam dawuh: “Saktemene
iku ingdalem wulan Rojab ono wektu sedino lan sewengi. Sopo wonge puoso
ingdalem dino iku lan qiyamullail ingdalem wengi iku mongko iku kaduwe wong iku
ganjaran lirkadyo wong ingkang puoso 100 tahun lan qiyamullail ingdalem
wengine. Wektu kasebut yoiku 3 dino kang tersisa saking wulan Rojab (maksude
tanggal 27). Lan dino iku dinane kautuse Nabi kito shollalloohu ‘alaihi
wasallam”.
Wallaahu A'lam